Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

MANDHUNG-MANDHUNG

Bowo:
Mandhung-mandhung si mandhung 
Jalake ngombe "jalake ngombe"
Mandhung-mandhung si mandhung
Sinaut:
Jalake ngombe
Åjå ngombe banyu udan
Ngombeå banyu deresan

Si mandhung-mandhung
Mandhung-mandhung si mandhung
Jalake ngoceh "jalake ngoceh"
Mandhung-mandhung si mandhung
Jalake ngoceh
Åjå ngoceh neng paran-paran
Ngocehå njero kurungan

Si mandhung-mandhung
Mandhung-mandhung si mandhung
Jalake mabur "jalake mabur"
Mandhung-mandhung si mandhung
Jalake mabur
Åjå mabur dhuwur-dhuwur
Elingå sanak sedulur

Si mandhung-mandhung
Mandhung-mandhung si mandhung
Jagone tarung "jagone tarung"
Mandhung-mandhung si mandhung
Jagone tarung
Åjå narung jago kate
Narungå jagone pelung

Si mandhung-mandhung
Mandhung-mandhung si mandhung
Jagone kluruk "jagone kluruk"
Mandhung-mandhung si mandhung
Jagone kluruk
Åjå kluruk lingsir wengi
Klurukå ing wayah isuk

Si mandhung-mandhung
Mandhung-mandhung si mandhung
Kembang kenångå "kembang kenångå"
Mandhung-mandhung si mandhung
Kembang kenångå
Kembange kang pårå dewå
Widådari temurunå

Si mandhung-mandhung
Mandhung-mandhung si mandhung
Kembang melati "kembang melati"
Mandhung-mandhung si mandhung
Kembang melati
Ayo dulur dhå elingå
Mumpung durung tekaning pati

Si mandhung-mandhung
Mandhung-mandhung si mandhung
Jalake ngombe "jalake ngombe"
Mandhung-mandhung si mandhung
Jalake ngombe
Åjå ngombe banyu kali
Ngumbeå banyu kang suci



Posting Komentar untuk "MANDHUNG-MANDHUNG"