Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

SAMIR

Bowo: Isuk samir sore nyamir
            Isuk adang sore nutoni
Sinaut: Awan dhadhang bengi takoni

Howe.. howe...
Isuk ndhangir sore ndhangir
Howe.. howe...
Seng tak dhangir godhonge telå
Howe.. howe...
Isuk mikir sore mikir
Isuk mikir sore mikir
Seng tak pikir ora rumångså

Howe.. howe...
Iwak lele mati kethuthuk
Howe.. howe...
Sucenånå pring siladan
Howe.. howe...
Ngawe-awe seng kalung andhuk
Ngawe-awe seng kalung andhuk
Entenånå dalan prapatan

Howe.. howe...
Menyang tlågå akeh ulane
Howe.. howe...
Prahu layar ngetan parane
Howe.. howe...
Gawe legå karo kancane
Gawe legå karo kancane
Kudu sabar pawitane

Howe.. howe...
Mbiyen kretå sak iki bendhi
Howe.. howe...
Yen pancen bendhi loro rodane
Howe.. howe...
Mbiyen tresnå sak iki benci
Mbiyen tresnå sak iki benci
Yen pancen benci åpå sebabe?

Howe.. howe...
Abang putih genderå kitå
Howe.. howe...
Wetan kae kuburan mayit
Howe.. howe...
Klambi abang nggo tåndhå måtå
Klambi abang nggo tåndhå måtå
Wedhak pupur nggo golek duwit

Mas Farhan

Lolale.. elå lelå lelå...
Abang maneng ora lunturå
Elå.. lelå lelå lelå...
Seng ijo lunture putih
Lolale.. elå lelå lelå...
Bujang maning ora nggluyurå
Bujang maning ora nggluyurå
Seng duwe bojo ora tau mulih

Lolale.. elå lelå lelå...
Awang-awang si megå mendhung
Elå.. lelå lelå lelå...
Trengiling åmbå sisike
Lolale.. elå lelå lelå...
Tegå nyawang ora tegå nundhung
Tegå nyawang ora tegå nundhung
Kelingan ka⁰becikane

Lolale.. elå lelå lelå...
Tak rewangi ndhundhuk sumur
Elå.. lelå lelå lelå...
Mbok menåwå metu banyune
Lolale.. elå lelå lelå...
Tak rewangi totohan umur
Tak rewangi totohan umur
Mbok menåwå dadi jodhone

Lolale.. elå lelå lelå...
Tuku kupat janure tuwå
Elå.. lelå lelå lelå...
Siram kecap bumbune pecel
Lolale.. elå lelå lelå...
Sewu lepat nyuwun ngapurå
Sewu lepat nyuwun ngapurå
Anggen kulå ngucap marake mangkel

Posting Komentar untuk "SAMIR"