Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

KEMBANG JAGUNG

Kembang jagung, iket wulung pating klunthung

Jejer telu seng tengah seng paling ayu (åpä iyå)

Rujak rau ri dhondhong isine madu

Soroh bahu kepengen dadi mantumu

Balung pakel alok-alok hose


Carang wrekså, wrekså wilis tanpå påtrå

Nora gampang wong urip neng alam donyå

Nora gampang wong urip neng alam donyå

Tuku timun sigarane

Ayo mbangun negarane


Kembang empring Nåråyånå dadi maling

Maling putri konangan Bambang Permadi

Maling putri konangan Bambang Permadi

Nyangking ember kiwå-tengen

Lungguh jejer tåmbå kangen


Kembang manggis, kakang lungå mbakyu nangis

Nangis mggriyeng, kakang tekå mbskyu meneng

Nangis mggriyeng, kakang tekå mbskyu meneng

Pring ori gawe sulingan

Cegat mburi metu iringan


Cengkir gadhing gemblundhung tibåne miring

Montang manting goleki seng lencir kuning

Montang manting goleki seng lencir kuning

Kråså penak njaluk maneng


Rujak rau ri dhondhong isine madu

Soroh bahu kepengen dadi mantumu

Soroh bahu kepengen dadi mantumu

Jarik lurik suwek pinggire

Åjå dilirik ånå seng duwe


Wadhah toyå kembang thukul toyå ecå

Singkirånå tukar padu marang kåncå

Singkirånå tukar padu marang kåncå

Angon wedhus neng kuburan

Durung adus wes pupuran




Mas Farhan



Posting Komentar untuk "KEMBANG JAGUNG"