ULIROWO
Seng iling lan waspådå
Nora lawas nggonmu urip aneng donyå
Kinibarat wong dolan mung mampir ngombe
Mulå kudu iling marang Pengerane
Kanggo sangu akhirate
Dimen gampang mlebu suwargane
Meyar meyor madhang pisah turu amor
Carang wrekså, wrekså wilis tanpå påtrå
Nora gampang wong urip neng alam donyå
Howe... ee... howe.....
Balung pakel åjå seneng alok-alok
Meyar meyor madhang pisah turu amor
Cengkir gadhing gemblundhung tibåne miring
Montang manting goleki si lencir kuning
Howe... ee... howe.....
Balung pakel åjå seneng alok-alok
Meyar meyor madhang pisah turu amor
Yakså dewå, dewå-dewi lir tanåwå
Kålå mudhå bangkit ambengkas angkåra
Howe... ee... howe.....
Balung pakel åjå seneng alok-alok
Meyar meyor madhang pisah turu amor
Roning kamal, putrane pandhitå Durnå
Mumpung eom ngudiå laku utåmå
Howe... ee... howe.....
Balung pakel åjå seneng alok-alok
Meyar meyor madhang pisah turu amor
Kolik priyå, priyagung, Anjani putrå
Tuhu eman wong anom wedi kangelan
Howe... ee... howe.....
Balung pakel åjå seneng alok-alok
Meyar meyor madhang pisah turu amor
Kendhang alit, alite Wårå Sembadrå
Mumpung mudha, den taberi lårå låpå
Howe... ee... howe.....
Balung pakel åjå seneng alok-alok
Sumber Foto: Mas Farhan |
Posting Komentar untuk "ULIROWO"