CAKAR KUMBANG
Bowo: Salam kulå mampir
Koor : Sang kakung bagus prayogå
Mringandikå-mringandikå
Nabi Agung mbengkas karyå
Salam kulå mampir
Prabu wulaning sampurnå
Mringandikå-mringandikå
Sang kakung sunare alam
Salam kulå mampir
Panglimbungane karså
Mringandikå-mringandikå
Nabi kang darbe mukjizat
Salam kulå mampir
Kang nuduhaken ulåmå
Mringandikå-mringandikå
Sang kakung darone karså
Salam kulå mampir
Sang kakung bagus wernane
Mringandikå-mringandikå
Sang kakung kang darbe nyåtå
Salam kulå mampir
Gustine pårå amertå
Mringandikå-mringandikå
Panglimbungane wargånå
Salam kulå mampir
Sang kakung kang ngundang bejå
Mringandikå-mringandikå
Sang kakung sunare tejå
Salam kulå mampir
Sang yitnaning nugråhå
Mringandikå-mringandikå
Istane runtuting pujå
Salam kulå mampir
Darpone pårå nåtå
Mringandikå-mringandikå
Kang marmå ing delabon
Salam kulå mampir
Sang kakung sangsange bejå
Mringandikå-mringandikå
Kang ngagem makuthå mulyå
Salam kulå mampir
Sang kakung tetesing ciptå
Mringandikå-mringandikå
Kang ngecone pårå cåndrå
Salam kulå mampir
Gusti ingkang dinulå
Mringandikå-mringandikå
Ratune kang sudarmå
Salam kulå mampir
Ingkang endah wernane
Mringandikå-mringandikå
Sang prabu bagus kepåmå
FB: Mas Farhan |
Posting Komentar untuk "CAKAR KUMBANG"