Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Ndoro Gunung

Båwå:

Ndårå gunung sari

Yo mas kang mas jamang lulang

Yo mas kang mas jamang lulang

Sinaut:

Iki jamang tali kendhang

Matur salam åjå lali...


Ndårå-ndårå gunung

Matur salam åjå lali

Ndårå gunung, gunung sari


Yola elo.. elo elo yae.. lola...

Yola elo.. elo elo yae.. lola...

Yola.. elo.. yae.. lola...

Matur salam åjå lali...


Ndårå-ndårå gunung

Matur salam åjå lali

Ndårå gunung, gunung sari


Carang wrekså, wrekså wilis tanpå påtrå

Carang wrekså, wrekså wilis tanpå påtrå

Nora gampang wong urip ing ngalam donyå

Matur salam åjå lali...


Ndårå-ndårå gunung

Matur salam åjå lali

Ndårå gunung, gunung sari


Yakså dewå, dewå-dewi lir danåwå

Yakså dewå, dewå-dewi lir danåwå

Kålå mudhå bangkit ambengkas angkårå

Matur salam åjå lali...


Ndårå-ndårå gunung

Matur salam åjå lali

Ndårå gunung, gunung sari


Roning kamal, putrane pandhitå Durnå

Roning kamal, putrane pandhitå Durnå

Mumpung anom ngudiå laku utåmå

Matur salam åjå lali...


Ndårå-ndårå gunung

Matur salam åjå lali

Ndårå gunung, gunung sari


Rujak setan, bumbune gendarwo edan

Rujak setan, bumbune gendarwo edan

Tuman tuman wong turu bantalan tangan

Matur salam åjå lali...


Ndårå-ndårå gunung

Matur salam åjå lali

Ndårå gunung, gunung sari


Photo Source: Zona Seni



Posting Komentar untuk "Ndoro Gunung"