Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

KUWI OPO KUWI

Bowo:    Kuwi åpå kui Wonosobo ASRI
               Kuwi åpå kui Wonosobo ASRI
Sinaut:  Aman Sehat Rapi Indah
               Kesenianipun "Rukun Sari"

Carang wrekså, wrekså wilis tanpå påtrå
Carang wrekså, wrekså wilis tanpå påtrå
Nora gampang wong urip neng alam donyå
Jagung bakarane
Yo ditanggung perkarane

Kuwi åpå kui Wonosobo ASRI
Kuwi åpå kui Wonosobo ASRI
Aman Sehat Rapi Indah
Kesenianipun (nama rombongan kesenian)

Rujak-rujak rau ri dhondhong isine madu
Rujak-rujak rau ri dhondhong isine madu
Soroh bahu kepengen dadi mantumu
Pring ori gawe sulingan
Cegat buri metu iringan

Kuwi åpå kui Wonosobo ASRI
Kuwi åpå kui Wonosobo ASRI
Aman Sehat Rapi Indah
Kesenianipun (nama rombongan kesenian)

Rujak-rujak nanas pantese wadhai gelas
Rujak-rujak nanas pantese wadhai gelas
Tiwas-tiwas nglabuhi wong ora waras
Jarik lurik suwek pinggire
Åjå dilirik ånå seng duwe

Kuwi åpå kui Wonosobo ASRI
Kuwi åpå kui Wonosobo ASRI
Aman Sehat Rapi Indah
Kesenianipun (nama rombongan kesenian)

Kroncong-kroncong astå piting alit welut wånå
Kroncong-kroncong astå piting alit welut wånå
Jå sumelang wong ayu sun lelå-lelå
Nyangking ember kiwå-tengen
Lungguh jejer nggo tåmbå kangen

Kuwi åpå kui Wonosobo ASRI
Kuwi åpå kui Wonosobo ASRI
Aman Sehat Rapi Indah
Kesenianipun (nama rombongan kesenian)

Kembang-kembang empring Nåråyånå dadi maling
Kembang-kembang empring Nåråyånå dadi maling
Maling putri konangan Bambang Permadi
Nandur jahe nang galengan
Nyambut gawe bebarengan

Kuwi åpå kui Wonosobo ASRI
Kuwi åpå kui Wonosobo ASRI
Aman Sehat Rapi Indah
Kesenianipun (nama rombongan kesenian)

Kembang-kembang aren sumebyar pinggir ing kalen
Kembang-kembang aren sumebyar pinggir ing kalen
Åjå dahwen yen kowe kepengen kajen
Tuku kupat janure tuwå
Menawi lepat nyuwun ngapurå

Mas Farhan






Posting Komentar untuk "KUWI OPO KUWI"