Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

LARAS GUNUNG












Laras Gunung

Cipt: Sutamsir


Carang weskå, wrekså wilis tanpå påtrå

Carang weskå, wrekså wilis tanpå påtrå

Nora gampang wong urip neng alam donyå

Laras Gunung ngudiå laku utåmå


Rujak nångkå rujake pårå pamirså

Rujak nångkå rujake pårå pamirså

Åjå gelå niki seni jaman kunå

Laras Gunung ayo pådå lestareknå


Yola elo... yae lola...

Yola elo... yae lola...

Yola.. elo.. yae.. lola...

Laras Gunung awake waras pikire bingung


Kembang mlati gåndå arum warnå peni

Kembang mlati gåndå arum warnå peni

Amersudi seni jåwå murih lestari

Laras Gunung ayo pådhå diuri-uri


Rujak nanas pantese wadhai gelas

Rujak nanas pantese wadhai gelas

Tiwas-tiwas nglabuhi wong ora waras

Laras Gunung eman temen ora welas


Kroncong astå piting alit welut wånå

Kroncong astå piting alit welut wånå

Jå sumelang wong ayu sun lelå-lelå

Laras Gunung mugiå paring usådå


Klåpå mudhå enake kanggo rujakan

Klåpå mudhå enake kanggo rujakan

Leganånå aku kang nandang kasmaran

Laras Gunung wong ayu belan subatan


Kolik priyå priagung Anjani putå

Kolik priyå priagung Anjani putå

Tuhu eman wong anom wedi kangelan

Laras Gunung urip biså kasembadan


Carang weskå, wrekså wilis tanpå påtrå

Carang weskå, wrekså wilis tanpå påtrå

Nora gampang wong urip neng alam donyå

Laras Gunung ngudiå laku utåmå

Posting Komentar untuk "LARAS GUNUNG"