CRIPING KUNING
AnTo Whuu Topeng |
Dhasar anyar dhadhung ing latar
Dhasar anyar kebone dhadhung ing latar
Mbah Kamali duwe anak kusir dhokar
Criping Kuning kembang gayam pari anom
Yola.. elo... yae lola...
Yola.. elo... yae lola...
Yola.. elo yae lola...
Criping Kuning kembang gayam pari anom
Carang wrekså, wrekså wilis tanpå påtrå
Carang wrekså, wrekså wilis tanpå påtrå
Nora gampang wong urip neng alam donyå
Criping Kuning kembang gayam pari anom
Yakså dewå, dewå-dewi lir tanåwå
Yakså dewå, dewå-dewi lir tanåwå
Kålå mudhå bangkit ambengkas angkårå
Criping Kuning kembang gayam pari anom
Rujak nanas pantese wadhahi gelas
Rujak nanas pantese wadhahi gelas
Tiwas-tiwas nglabuhi wong ora waras
Criping Kuning kembang gayam pari anom
Kembang empring Nåråyånå dadi maling
Kembang empring Nåråyånå dadi maling
Maling Putri konangan Bambang Permadi
Criping Kuning kembang gayam pari anom
Ancur kåcå, kåcå kocak mungguhing netrå
Ancur kåcå, kåcå kocak mungguhing netrå
Wong wruh råsa tan mamak ing tåtå kråmå
Criping Kuning kembang gayam pari anom
Roning kamal, putrane Pandhitå Durnå
Roning kamal, putrane Pandhitå Durnå
Mumpung anom ngudiå laku utåmå
Criping Kuning kembang gayam pari anom
Posting Komentar untuk "CRIPING KUNING"