Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

SARINDORO



Sarindoro - Rukun Sari

Bowo:
Yakso dewo, dewo-dewi lir danowo
Yakso dewo, dewo-dewi lir danowo
Koor:
Kolo mudo bangkit ambengkas angkoro
Sarindoro babate kenceng

Selingan setiap bait:
Yola elo, elo elo yae lola
Yola elo, elo elo yae lola
Yola elo o yae lola
Sarindoro babate kenceng

Carang rekso, rekso wilis tanpo potro
Carang rekso, rekso wilis tanpo potro
Ora gampang wong urip ning alam donyo
Sarindoro babate kenceng

Cengkir gading, gemblundung tibone miring
Cengkir gading, gemblundung tibone miring
Milang-miling polahe si lencir kuning
Sarindoro babate kenceng

Kembang pring, Noroyono dadi maling
Kembang pring, Noroyono dadi maling
Maling putri konangan Bambang Permadi
Sarindoro babate kenceng

Kembang manggis, kakang lungo mbakyu nangis
Kembang manggis, kakang lungo mbakyu nangis
Nangis ngriyeng kakang teko mbakyu meneng
Sarindoro babate kenceng

Rujak nanas, pantese wadahi gelas
Rujak nanas, pantese wadahi gelas
Tiwas-tiwas bakule wong ora waras
Sarindoro babate kenceng

Rujak rao, ri dondong isine madu
Rujak rao, ri dondong isine madu
Ndoro Bau kepingin dadi mantumu
Sarindoro babate kenceng

Rujak setan, bumbune gendarwo edan
Rujak setan, bumbune gendarwo edan
Tuman-tuman wong turu bantalan tangan
Sarindoro babate kenceng

Roning kamal, putrane pandito Durno
Roning kamal, putrane pandito Durno
Mumpung anom ngudio laku utomo
Sarindoro babate kenceng

Download Mp3 di sini

Full video youtube klik di sini jangan lupa subscribe juga ya sob..!!!

Catatan:
Parikan (pantun) di atas hanya sepengal dari ribuan parikan jawa yang diciptakan oleh para pujangga jawa. Sifatnya tidak baku, sobat bisa menyanyikan menggunakan parikan-parikan lain yang mungkin lebih cocok dengan suasana hati atau keadaan sosial maupun lingkungan. Sobat juga bisa menambahkan parikan ciptaan sendiri. Asalkan parikan tersebut sesuai dengan iringan gending Sarindoro. Selamat berkarya dan salam Nyawiji Ing Seni.


Posting Komentar untuk "SARINDORO"