Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

GUNUNG SARI RUKUN SARI

Gunung Sari Tari Topeng Lengger Wonosobo

Gunung Sari

Bowo:
Wong wedok ojo maen udud
Udud iku panas genine
Koor:
Wong wedok jo rabi badut
Badut iku panas atine

Hoowe........
Yola elo, elo elo yae lola
Sari gunung ala gunung sari

Rujak setan bumbune gendarwo edan
Tumang-tumang wong turu bantalan tangan
Weowe... yae lola...
Sari gunung ala gunung sari

Wadah toyo kembang tukul toyo eco
Singkirono tukar padu marang konco
Weowe... yae lola...
Sari gunung ala gunung sari

Rujak nanas pantese wadahi gelas
Tiwas-tiwas nglabuhi wong ora waras
Weowe... yae lola...
Sari gunung ala gunung sari

Kronco ngasto piting alit welut wono
Jo sumelang wong ayu salelo-lelo
Weowe... yae lola...
Sari gunung ala gunung sari

Kembang manggis kakang lungo mbakyu nangis
Nangis ngriyeng kakang teko mbakyu meneng
Weowe... yae lola...
Sari gunung ala gunung sari

Rujak rau ri dondong isine madu
Ndoro bau kepingin dadi mantumu
Weowe... yae lola...
Sari gunung ala gunung sari

Kembang pring Noroyono dadi maling
Maling putri konangan Bambang Permadi
Weowe... yae lola...
Sari gunung ala gunung sari

Sobat pasti sudah tau, untuk tari gunung sari dalam satu pementasan ada dua lagu. Lagu berikutnya adalah BRIBIL, yang biasanya perpindahan lagu tersebut apabila si penari sudah memakai topeng. Parikan bribil ini agak sulit baik segi liriknya ataupun nadanya yang lumayan bernada cukup tinggi. Berikut lirik parikannya:

 BRIBIL

e... hooowe owe... owe eeo hoowe...
Sawahe diuber bebek
sayang aduh sayang salahe digawe dewek
Tuku timun sigarane
Ayo bangun negarane

e... hooowe owe... owe eeo hoowe...
Sawahe diuber bebek
sayang aduh sayang salahe digawe dewek
Nandur jahe nang galengan
Kono wae nggo delengan

e... hooowe owe... owe eeo hoowe...
Sawahe diuber bebek
sayang aduh sayang salahe digawe dewek
Jagung bakarane
Do ditanggung perkarane

Hehe pusing ya sob?
Tapi jangan kuwatir untuk lebih mudah menghafalnya sobat bisa dengerin lagunya di sini

Full video youtube klik di sini
Jangan lupa subscribe ya sob...!!


Posting Komentar untuk "GUNUNG SARI RUKUN SARI"