Gondang Keli Rukun Sari
Bowo:
Macan tutul dowo buntute
romo...
Manuk platuk mabur ngetan
yola romo...
Podo kumpul mrih guyupe
Koor:
eman... gondang keli
Iwak lele mati kethuthuk
Sucenono pring siladan
Ngawe-awe seng kalung andhuk
Entenono dalan prapatan
Menyang tlogo akeh ulane
Prahu layar ngetan parane
Gawe lego karo kancane
Kudu sabar pawitane
Mbiyen kereto sak iki bendhi
Yen pancen bendhi loro rodane
Mbiyen tresno sak iki benci
Yen pancen benci opo sebabe?
Abang putih gendero kito
Wetan kae kuburan mayit
Klambi abang nggo tondo moto
Wedak pupur nggo golek duet
Abang putih ora lunturo
Seng ijo lunture putih
Bujang manis ora nggluyuro
Seng due bojo ra tau muleh
Awang-awang si mega mendung
Trenggiling ombo sisike
Tego nyawang ora tego nundung
Kelingan kebecikane
Tak rewangi nduduk sumur
Mbok menowo metu banyune
Tak rewangi totohan umur
Mbok menowo dadi jodone
Wetan gunung kulon yo gunung
Tengah-tengah gawe lapangan
Ngetan bingung ngulon yo bingung
Sidone mung dadi sawangan
Mp3 download di sini
Full videonya youtubenya klik di sini dan jangan lupa disubscibe ya gays...!!
Posting Komentar untuk "Gondang Keli Rukun Sari"