Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

GONDANG KELI


Bowo:

Ono tangis kelayung-layung
Tangise wong wedi mati
Kuncenono gedongono
Wong mati moso wurungo (koor)

Gerong:
Gondang keli semarangan romo
hoe... hoe... romo...
sari lae eman ala gondang keli

Macan tutul dowo buntute
Manuk platuk mabur ngetan
Podo kumpul mrih guyupe
Kanggo mbentuk persatuan

Iwak lele mati ketutuk
Sucenono pring siladan
Ngawe-awe seng kalung anduk
Entenono dalan prapatan

Menyang tlogo akeh ulane
Prau layar ngetan parane
Gawe lego karo kancane
Kudu sabar pawitane

Biyen kreto sak iki bendi
Yen pancen bendi loro rodane
Biyen tresno sak iki benci
Yen pancen benci opo sebabe?

Abang puteh gendero kito
Wetan kae kuburan mayit
Klambi abang nggo tondo moto
Wedak pupur nggo golek duit

Abang puteh ora lunturo
Seng ijo lunture puteh
Bujang manes ora nggluyuro
Seng due bojo ora tau muleh

Awang-awang simega mendung
Trenggiling ombo sisike
Tego nyawang ra tego nundung
Kelingan kebecikane

Tak rewangi nduduk sumur
Mbok menowo metu banyune
Tak rewangi totohan umur
Mbok menowo dadi jodone

Wetan gunung kulon yo gunung
Tengah-tengah gawe lapangan
Ngetan bingung, ngulon yo bingung
Sidone mung dadi sawangan

Jangan kacang winor koro
Ngudak uyah kurang gulo
Piwelingku ming poro siswo
Ojo wedi ing rekoso



Posting Komentar untuk "GONDANG KELI"