Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Rangsang Tuban

Rangsang Tuban

Bowo: Kakang lungå mbakyu nangis
Saut:   Nangis ngriyeng
Bowo: Kakang tekå mbakyu meneng
Koor:  Kakang tekå mbakyu meneng
            Ransang Tuban wong ayu dadi rebutan

Rujak nångkå rujake pårå sarjånå
Åjå gelå...
Niki seni jaman kunå
Åjå gelå niki seni kaman kunå
Rangsang Tuban ayo pådhå lestariknå

Rujak nanas pantese wadhahi gelas
Tiwas-tiwas...
Nglabuhi wong ora waras
Tiwas-tiwas nglabuhi wong ora waras
Rangaang Tuban eman temen ora welas

Kembang melati gåndå arum warnå peni
Amersudi...
Seni jåwa murih lestari
Amersudi seni jåwå murih lestari
Rangsang Tuban ayo pådhå diuri-uri

Kembang menur sumebyar pinggiring sumur
Yen wis makmur...
Åjå lali marang sedulur
Yen wes makmur åjå lali marang sedulur
Rangsang Tuban mugå dadi dåwå umur

Kroncong astå piting alit welut wånå
Jå sumelang...
Wong ayu sun lelå-lelå
Jå sumelang wong ayu sun lelå-lelå
Rangsang Tuban mugiå paring usådå

Klåpå mudhå enake kanggo rujakan
Leganånå...
Atiku nandang kasmaran
Leganånå atiku nandang kasmaran
Rangsang Tuban wong ayu belan subatan

Carang wrekså, wrekså wilis tanpå påtrå
Nora gampang...
Wong urip neng alam donyå
Nora gampang wong urip neng alam donyå
Rangsang Tuban ngudiå laku utåmå



Posting Komentar untuk "Rangsang Tuban"